1 Nalika samana ana wong sawatara kang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngaturi uninga bab wong-wong Galilea kang padha kawutahake getihe dening Sang Pilatus, diworake ing getih kurban kang diunjukake dening wong-wong mau.
2 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa pangiramu wong-wong Galilea iki luwih gedhe dosane katimbang karo dosane wong-wong Galilea liyane kabeh, jalaran banjur ketaman lelakon kang kaya mangkono iku?
3 Ora, kandhaKu marang kowe. Nanging manawa kowe ora padha mratobat, kowe bakal padha tiwas kabeh kanthi patrap mangkono.
4 Utawa maneh apa pangiramu wong wolulas kang padha mati kerubuhan menara ing Siloam kae kaluputane ngluwihi wong ing Yerusalem liyane kabeh?
5 Aku pitutur marang kowe: Ora. Nanging manawa kowe kabeh padha ora mratobat, bakal tiwas kanthi patrap mangkono.”
6 Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir, kang katandur ing pakebonane anggur, banjur diparani digoleki wohe, nanging ora oleh.