12 Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”
13 Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg maneh lan banjur ngluhurake asmaning Allah.
14 Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”
15 Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Heh, wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapine utawa kuldine saka ing kandhang banjur diombekake.
16 Apamaneh wong wadon iki, kang wis wolulas taun lawase kabanda dening Iblis, apa ora prelu diuculi bebandane ing dina Sabat, amarga iki tedhak turune Rama Abraham?”
17 Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, kabeh kang nglawan padha kisinan, dene wong akeh padha bungah awit saka anane kabeh kang katindakake dening Panjenengane kang sarwa luhur iku.
18 Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratone Allah iku upamane apa, lan kena Dakupamakake apa?