22 Gusti Yesus banjur ndlajahi kutha-kutha lan desa-desa sinambi memulang lan nglajengake tindake menyang ing Yerusalem.
23 Tumuli ana wong kang munjuk mangkene: “Gusti, tiyang ingkang kapitulungan wilujeng punika punapa namung sakedhik?”
24 Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong kang ana ing kono: “Padha mbudidayaa lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowe: Akeh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa.
25 Manawa kang kagungan dalem wis jumeneng lan wis ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg ana ing jaba ndhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengane bakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti, kowe iku saka ngendi.
26 Kowe bakal matur: Kawula sampun nate sami nedha lan ngombe wonten ing ngarsa Paduka, sarta Paduka sampun paring piwulang wonten ing margi-margi ing kitha kawula.
27 Nanging Panjenengane bakal ngandika marang kowe: Aku ora ngreti, kowe iku saka ing ngendi, padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh wong kang padha gawe piala!
28 Ing kono bakal ana panangis lan keroting untu, samasa kowe bakal padha weruh Rama Abraham lan Rama Iskak sarta Rama Yakub apadene sakabehing nabi padha ana ing Kratoning Allah, mangka kowe dhewe padha kabuwang menyang ing jaba,