2 Mulane banjur diundang lan dicalathoni mangkene: Kapriye, dene aku nganti krungu bab tumindakmu kang mangkono iku? Mara, aku wenehana palapuran tumrap rereksanmu, amarga kowe wis ora kena mbanjurake pagaweanmu dadi juru-gedhong.
3 Juru-gedhong mau nuli mikir: Gek aku arep nyambut-gawe apa? Aku dipocot anggonku dadi juru-gedhong. Macul aku ora bisa, ngemis aku isin.
4 Iya, aku wis oleh dalan, supaya manawa aku sida dipocot saka ing pagaweanku dadi juru-gedhong, ana wong kang gelem ngukup aku ana ing omahe.
5 Wong kang padha utang marang lurahe padha diundangi siji-siji. Wong kang kapisan dicalathoni mangkene: Pira utangmu marang lurahku?
6 Wangsulane: Lisah satus tong. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Linggiha, gawea layang-utang liyane, saiki uga, kang muni: Seket tong.
7 Wong kang kapindho ditakoni: Lah kowe utangmu pira? Wangsulane wong mau: Gandum satus dhacin. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Gawea layang-utang liyane, tulisen: Wolung puluh dhacin.
8 Lurahe banjur ngalem marang juru-gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku, sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akale ngluwihi para ahli-warising pepadhang.