28 awit sadherek kula taksih gangsal, supados sami kaengetna kanthi saestu, amrih ing benjingipun sampun sami lumebet ing papan ingkang sangsara punika.
29 Nanging pangandikane Rama Abraham: Iku wis duwe paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane. Iya iku kang kudu padha dirungokake.
30 Ature wong mau: Boten, Rama Abraham, nanging manawi wonten patunggilanipun tiyang pejah ingkang ndhatengi, tamtu sami badhe mratobat.
31 Pangandikane Rama Abraham: Manawa ora padha ngrungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati.”