8 Lurahe banjur ngalem marang juru-gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku, sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akale ngluwihi para ahli-warising pepadhang.
9 Lan Aku pitutur marang kowe: Padha memitrana kalawan migunakake Mamon kang ora temen iku, supaya manawa kowe koncatan Mamon iku, kowe banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng.”
10 “Sing sapa tumemen ing bab prakara kang sepele, iya tumemen ing bab prakara kang wigati. Lan sing sapa ora tumemen bab prakara kang sapele, iku iya ora tumemen ing bab prakara kang wigati.
11 Dadi, manawa kowe ora tumemen ing bab Mamon, kang ora temen iku, sapa kang bakal mitayakake barang kang sanyata marang kowe?
12 Lan manawa kowe ora tumemen tumrap baranging liyan, sapa kang bakal menehake barangmu dhewe marang kowe?
13 Ora ana batur kang bisa ngladeni bandara loro. Amarga manawa mangkono, mesthi bakal sengit marang kang siji lan tresna marang sijine, utawa setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Ora bisa kowe ngawula marang Gusti Allah lan marang Mamon.”
14 Iku mau kabeh iya kaprungu dening wong-wong Farisi, kang padha karem bandha, banjur padha ngencepi Panjenengane.