1 Gusti Yesus ngandika marang para sakabate: “Ora kena ora mesthi bakal ana panasaran, nanging bilai kang nganakake.
2 Luwih becik manawa wong iku dikalungana ing watu panggilingan lan banjur dicemplungake ing sagara, katimbang nasarake salah sijine wong kang ringkih iki.
3 Reksanen awakmu dhewe! Manawa sadulurmu duwe kaluputan welehna; manawa kaduwung apuranen.
4 Saupama anggone kaluputan marang kowe ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggone marani kowe sarta pratela: Aku kaduwung, iya kudu kokapura.”
5 Para rasul nuli munjuk marang Gusti: “Kawula mugi sami kaparingana kapitadosan!”
6 Paring wangsulane Gusti: “Manawa kowe duwe pangandel kang gedhene sawiji sawi bae, yen kowe calathu marang wit anjir alas iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal ngestokake marang pakonmu.”