15 Ana siji kang bareng weruh yen wis waras, banjur cengkelak bali kanthi ngluhurake Gusti Allah kalawan suwara sora.
16 Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.
17 Gusti Yesus banjur ngandika: “Apa ora wong sapuluh kang birat najise? Lah kang sanga endi?
18 Apa panunggalane iku ora ana kang bali ngluhurake Gusti Allah, kajaba mung wong manca iki?”
19 Banjur ngandika marang wong mau: “Ngadega, lungaa, pangandelmu kang wus mitulungi kowe.”
20 Bareng wong Farisi padha matur pitakon bab besuk kapan bakal rawuhe Kratoning Allah, Gusti Yesus nuli paring wangsulan, pangandikane: “Rawuhe Kratoning Allah iku tanpa pratandha-pratandha kang katon,
21 sarta wong iya ora bisa kandha: Lah ana ing kene, utawa ana ing kana! Amarga satemene Kratoning Allah iku ana ing antaramu.”