25 Nanging Panjenengane kudu nandhang sangsara akeh dhisik lan katampik dening jinis iki.
26 Sarta kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya kaya mangkono kaanane besuk ing dina-dinane Putraning Manungsa.
27 Wong-wong padha mangan lan ngombe, padha omah-omah lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe, kang numpes wong kabeh.
28 Uga kaya kang kalakon nalika jamane Lut: wong-wong padha mangan lan ngombe, padha dol-tinuku, padha nenandur lan padha yeyasa.
29 Nanging ing dina lungane Lut metu saka ing kutha Sodom, banjur ana udan geni lan udan walirang saka ing langit, kang numpes wong kabeh.
30 Iya kaya mangkono besuk ing dina ngatingale Putraning Manungsa.
31 Sing sapa ing dina iku pinuju ana ing payon, mangka barang-barange ana ing jero omah, aja mudhun njupuki; mangkono uga kang lagi ana ing pategalan, aja mulih.