4 Saupama anggone kaluputan marang kowe ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggone marani kowe sarta pratela: Aku kaduwung, iya kudu kokapura.”
5 Para rasul nuli munjuk marang Gusti: “Kawula mugi sami kaparingana kapitadosan!”
6 Paring wangsulane Gusti: “Manawa kowe duwe pangandel kang gedhene sawiji sawi bae, yen kowe calathu marang wit anjir alas iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal ngestokake marang pakonmu.”
7 “Sapa panunggalanmu kang duwe batur, kang mluku utawa angon raja-kayane, saulihe saka ing pategalan apa banjur dicalathoni: Ayo, endang mangan!
8 Apa ora malah kosokbaline, dicalathoni mangkene: Aku cawisana mangan, kowe banjur sabukana lan ngladenana nganti sarampunge anggonku mangan lan ngombe. Lan sawise iku kowe kena mangan lan ngombe.
9 Apa batur mau banjur diwenehi panarima, marga saka anggone wis nglakoni apa kang diprentahake?
10 Mangkono uga kowe. Manawa kowe wis nglakoni kabeh kang kaprentahake marang kowe, kowe padha munia: Aku kabeh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakake.”