11 Gusti Yesus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokake pangandikane, sabab tindake wis cedhak kutha Yerusalem sarta panyanane wong-wong mau yen Kratoning Allah bakal enggal kababar.
12 Panjenengane banjur ngandika: “Ana sawijining priyagung tindak menyang ing tanah adoh bakal kajumenengake ratu ana ing kana, nuli kondur.
13 Banjur nimbali abdine sapuluh, padha kapasrahan dhuwit sapuluh mina, pangandikane: Dhuwit iki anggonen dagang nganti tumeka sakondurku.
14 Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.
15 Kacarita nalika panjenengane kondur, sawise kajumenengake dadi ratu, banjur dhawuh nimbali para abdine, kang padha dipasrahi dhuwit, awit kapengin nguningani bebathene siji-sijine anggone laku dagang.
16 Wong kang kapisan seba lan munjuk: Gusti, kagungan dalem arta samina angsal bathi sadasa mina.
17 Pangandikane Gustine: Apik banget pagaweanira, heh, abdi kang becik. Sarehne sira tumemen ing bab kang sapele, mulane sira sunparengake nguwasani kutha sapuluh.