21 Awit kula ajrih dhumateng panjenengan dalem. Amargi panjenengan dalem punika kereng, karsa mundhut ingkang sanes panjenengan dalem lampahaken, punapa dene ngundhuh ingkang sanes sebaran dalem.
22 Pangandikane marang wong mau: Heh, abdi kang ala, sira bakal sunadili manut ujarira dhewe. Sira wus mangreti, manawa ingsun iki wong kang kereng, kang mundhut kang ora sunlakokake, sarta ngundhuh kang dudu sebaraningsun.
23 Yen mangkono, yagene dhuwitingsun ora sira pasrahake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya sarawuhingsun kenaa sunpundhut dalah saanakane.
24 Banjur ngandika marang wong-wong kang ana ing kono: Jupuken dhuwit samina iku, wenehna marang kang nggawa sapuluh mina.
25 Unjuke wong-wong mau: Gusti, piyambakipun sampun mbekta sadasa mina.
26 Paring wangsulane: Ingsun pitutur marang sira, saben wong kang duwe, iku bakal kaparingan, nanging kang ora duwe, iku bakal kapundhutan, iya dalah kang kaduwe.
27 Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”