28 Sawise ngandika mangkono, Gusti Yesus banjur tindak ngrumiyini wong-wong mau, menyang ing kutha Yerusalem.
29 Bareng wis cedhak desa Betfage lan Betania kang dumunung ing gunung kang aran gunung Zaitun, Gusti Yesus nuli ngutus sakabate loro
30 kalawan kaparingan piweling mangkene: “Padha menyanga ing desa ing ngarep kae. Salebumu ing kono, kowe bakal mrangguli belo kuldi cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mrene.
31 Lan manawa ana wong kang takon marang kowe: Punapa kok panjenengane uculi, wangsulana mangkene: Gusti ingkang mbetahaken.”
32 Kang kautus banjur padha mangkat lan tinemune kaya sapangandikane Gusti Yesus mau.
33 Nalika lagi padha nguculi kuldi mau, wong kang duwe kuldi padha ngaruh-aruhi: “Sabab punapa kuldinipun kok panjenengan uculi?”
34 Wangsulane utusan: “Gusti ingkang mbetahaken.”