32 Kang kautus banjur padha mangkat lan tinemune kaya sapangandikane Gusti Yesus mau.
33 Nalika lagi padha nguculi kuldi mau, wong kang duwe kuldi padha ngaruh-aruhi: “Sabab punapa kuldinipun kok panjenengan uculi?”
34 Wangsulane utusan: “Gusti ingkang mbetahaken.”
35 Kuldine tumuli dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, banjur dilarabi jubahe, Gusti Yesus nuli dilawani anggone nitih belo iku.
36 Sasuwene tindak, para sakabate padha njereng jubahe ana ing dalan kang dilangkungi.
37 Bareng cedhak karo kutha Yerusalem, ana ing dalan kang mudhun saka ing gunung Zaitun, kabeh para siswa kang ndherekake tindake padha wiwit giyak-giyak lan memuji marang Gusti Allah kanthi swara sora marga saka anane mukjijat-mukjijat, kang wis padha dideleng.
38 Mangkene pangucape:“Binerkahana Sang Prabu ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, tentrem rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing luhuring ngaluhur!”