10 Bareng wis tumeka ing mangsane, tumuli kongkonan batur siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladekake pandumaning pametune pakebonan. Nanging batur iku banjur digebugi dening wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung.
11 Sawise mangkono dheweke kongkonan batur liyane, nanging iku iya digebugi lan diwirang-wirangake dening para wong tani mau lan dikon bali nglenthung.
12 Sabanjure nuli kongkonan maneh kang kaping telune, nanging iku iya ditatoni dening wong-wong mau sarta tumuli diuncalake menyang ing sajabaning kebon.
13 Kang duwe pakebonan banjur calathu mangkene: Apa saiki sing kudu daktindakake? Dakkongkonan anakku kang kekasih, mesthi bakal dieringi.
14 Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anake mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.
15 Anake mau banjur diuncalake menyang ing sajabaning pakebonan anggur sarta banjur dipateni. Saiki apa kang bakal dilakoni dening kang duwe pakebonan anggur iku tumrap wong-wong mau?
16 Dheweke bakal teka lan nyirnakake wong-wong tani mau sarta kebone anggur banjur disewakake marang wong-wong liyane.” Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha: “Aja pisan-pisan nganti kalakon iku!”