14 Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anake mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.
15 Anake mau banjur diuncalake menyang ing sajabaning pakebonan anggur sarta banjur dipateni. Saiki apa kang bakal dilakoni dening kang duwe pakebonan anggur iku tumrap wong-wong mau?
16 Dheweke bakal teka lan nyirnakake wong-wong tani mau sarta kebone anggur banjur disewakake marang wong-wong liyane.” Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha: “Aja pisan-pisan nganti kalakon iku!”
17 Nanging Gusti Yesus tumuli mandeng marang wong-wong iku lan ngandika: “Manawa mangkono apa tegese nas iki:Watu kang tinampik dening para juru gawe omah,iya iku kang wis dadi watu ing pojok.
18 Sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur, lan sing sapa ketiban, bakal remuk.”
19 Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.
20 Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.