20 Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.
21 Wong-wong mau padha ngaturake pitakonan marang Panjenengane mangkene: “Guru, kula sami mangretos, bilih sadaya pangandika tuwin piwulang Panjenengan punika leres sarta bilih Panjenengan boten pados pangalembana, nanging kalayan temen-temen mulangaken margining Allah.
22 Kula sami ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”
23 Nanging Gusti Yesus ora kakilapan marang kaculikane wong-wong mau, mulane banjur ngandika:
24 “Aku tuduhana dhuwit dinar. Iki gambare sapa lan iki tulisane sapa?” Atur wangsulane kang kadangu: “Gambaripun lan seratanipun Sang Nata Agung.”
25 Gusti Yesus nuli ngandika: “Yen mangkono, Sang Nata Agung caosana kang wajib kokcaosake marang Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang wajib kacaosake marang Gusti Allah.”
26 Dadine Gusti Yesus ora kena dicengkolong ana ing ngarepe wong akeh. Wong-wong mau padha kaeraman krungu paring wangsulane iku lan banjur padha meneng.