26 Dadine Gusti Yesus ora kena dicengkolong ana ing ngarepe wong akeh. Wong-wong mau padha kaeraman krungu paring wangsulane iku lan banjur padha meneng.
27 Nuli ana wong Saduki sawatara, yaiku kang ora ngakoni anane patangen, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur pitakon marang Panjenengane:
28 “Guru, Nabi Musa paring dhawuh dhateng kula sadaya makaten: Manawa ana wong kang duwe sadulur lanang, tinggal donya, mangka bojone isih urip, nanging ora tinggal anak, sadulure mau wajib ngrabeni bojone iku, supaya bisa nukulake turun kanggo sing tinggal donya mau.
29 Kalampahan wonten sadherek jaler pitu, ingkang angka satunggal emah-emah, wusana lajeng tilar donya boten tilar anak.
30 Tiyang estri wau lajeng kaningkah dening ingkang angka kalih,
31 lajeng kaningkah dening ingkang angka tiga, tuwin makaten salajengipun, urut-urutan karabi dening sadherek pitu wau, nanging sadaya sami ngajal boten tilar anak.
32 Wekasanipun tiyang estri punika inggih tilar donya.