1 Nalika samana wis ngarepake riyaya Roti Tanpa Ragi, kang aran Paskah.
2 Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan, anggone bisa nyedani Panjenengane, amarga padha wedi karo wong akeh.
3 Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalane sakabat rolas tumuli kasurupan dening iblis,
4 banjur lunga marani para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci, prelu rembugan bab anggone bakal ngulungake Gusti Yesus.
5 Iku padha bungah lan sarujuk bakal padha aweh opah.