10 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha lumebu ing kutha, kowe bakal kepethuk wong kang nggawa kendhi isi banyu, iku banjur etutna tekan ing omah kang dileboni
11 lan matura marang kang duwe omah iku: Sang Guru ndangu dhateng panjenengan: Endi kamare, sing kena Dakanggo mangan Paskah bebarengan karo para sakabatKu?
12 Wong iku banjur nuduhake marang kowe kamar gedhe ing dhuwur kang wis katata miranti. Kowe padha nganakna pacawisan ana ing kono.”
13 Karone banjur padha mangkat, tinemune iya trep kaya kang kapangandikakake dening Gusti Yesus. Nuli padha nyawisake Paskah.
14 Bareng wis tumeka ing wayahe, Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasule.
15 Tumuli padha dipangandikani: “Aku wis kapengin banget mangan Paskah iki bebarengan karo kowe kabeh, sadurunge Aku nandhang sangsara.
16 Awit Aku pitutur marang kowe: Aku ora bakal mangan iku maneh, nganti tumekane iku wis kayektenan ana ing Kratoning Allah.”