2 Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan, anggone bisa nyedani Panjenengane, amarga padha wedi karo wong akeh.
3 Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalane sakabat rolas tumuli kasurupan dening iblis,
4 banjur lunga marani para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci, prelu rembugan bab anggone bakal ngulungake Gusti Yesus.
5 Iku padha bungah lan sarujuk bakal padha aweh opah.
6 Yudas nyaguhi sarta wiwit nalika iku tansah golek dalan bisane ngulungake Gusti Yesus, ora nganti kasumurupan ing wong akeh.
7 Bareng dina riyaya Roti Tanpa Ragi, yaitu dina anggone wong-wong padha nyembeleh cempening Paskah,
8 Gusti Yesus banjur ngutus Petrus lan Yokanan, dhawuhe: “Kowe padha lungaa, nyawisna Paskah kang bakal padha dakpangan.”