20 Mangkono uga tuwunge sawise dhaharan, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang sarana getihKu, kang kawutahake marga saka kowe!
21 Nanging, lah tangane wong kang ngulungake Aku, nunggal karo Aku ana ing meja kene.
22 Sabab Putraning Manungsa pancen bakal jengkar miturut ing pepesthen, nanging bilai wong kang dadi margane anggone kaulungake.”
23 Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalane iku sapa baya kang bakal tumindak mangkono.
24 Kacarita para sakabat iya padha diya-diniya bab panunggalane sapa kang bakal dianggep dhuwur dhewe.
25 Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Ratu-ratune para bangsa iku mrentah marang kawulane lan kang padha nguwasani iku diarani pangayoman.
26 Nanging kowe kabeh iku ora mangkono, malah kang dhuwur dhewe ana ing antaramu iku dadia kaya kang anom dhewe lan kang dadi panuntun dadia kang ngladeni.