55 Wong-wong padha gawe bedhiyang ana ing satengahing plataran lan banjur padha linggih ngubengi bedhiyang iku. Petrus iya melu linggih ing kono.
56 Nuli ana parekan weruh Petrus linggih ing ngarepe bedhiyang, banjur ditamatake, tumuli alok: “Wong iku iya tetunggalan karo Dheweke.”
57 Nanging Petrus selak, pangucape: “Boten, kula boten wanuh kalih wong niku!”
58 Ora let suwe ana wong liyane kang weruh dheweke lan banjur calathu: “Samang niku enggih tunggale.” Nanging wangsulane Petrus: “Dede, kula dede.”
59 Lan kira-kira let sajam ana wong liyane maneh kang calathu tanpa ringa-ringa: “Tenan, wong iki iya tunggale Dheweke, sabab iki iya wong Galilea.”
60 Nanging Petrus mangsuli, pangucape: “Dede, kula boten ngreti sing mang kandhakke niku.” Sanalika iku uga, bareng Petrus wis kandha mangkono iku, ana jago kluruk.
61 Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”