60 Nanging Petrus mangsuli, pangucape: “Dede, kula boten ngreti sing mang kandhakke niku.” Sanalika iku uga, bareng Petrus wis kandha mangkono iku, ana jago kluruk.
61 Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”
62 Petrus nuli metu lan nangis kelara-lara.
63 Anadene Gusti Yesus dipoyoki dening wong-wong, kang padha nahan Panjenengane, sarta digebugi.
64 Pasuryane ditutupi dening wong-wong lan disuwuni pirsa: “Coba, bedheken sapa kang nggebugi Kowe iku?”
65 Aliya iku isih akeh maneh panguman-umane marang Panjenengane.
66 Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Toret padha nganakake parepatan, Gusti Yesus banjur diladekake marang ngarsane pradataning agamane.