63 Anadene Gusti Yesus dipoyoki dening wong-wong, kang padha nahan Panjenengane, sarta digebugi.
64 Pasuryane ditutupi dening wong-wong lan disuwuni pirsa: “Coba, bedheken sapa kang nggebugi Kowe iku?”
65 Aliya iku isih akeh maneh panguman-umane marang Panjenengane.
66 Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Toret padha nganakake parepatan, Gusti Yesus banjur diladekake marang ngarsane pradataning agamane.
67 Nuli didangu: “Manawa Kowe iki Sang Kristus, kandhaa marang aku kabeh.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku kandhaa marang kowe kabeh, kowe bakal padha ora ngandel;
68 lan sanadyan Aku takona apa-apa, kowe kabeh bakal ora mangsuli.
69 Wiwit saiki Putraning Manungsa wis lenggah ana ing satengening Allah Kang Mahakuwasa.”