1 Ananging bareng dina kapisan ing minggu iku, ing wayah esuk umun-umun, wong-wong wadon mau padha menyang ing pasarean, karo nggawa anggi-anggi kang wis dicawisake.
2 Watune tinemu wis kaglimpangake saka ing pasarean.
3 Bareng padha lumebu, layone Gusti Yesus ora ketemu.
4 Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atine marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhake, pangagemane mancorong.
5 Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkene: “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati?
6 Panjenengane ora ana ing kene, wis wungu. Elinga marang apa kang wus kapangandikakake marang kowe kabeh, nalika isih ana ing tanah Galilea,