11 Nanging tembung-tembunge iku dianggep ngayawara, padha ora ngandel marang wong-wong wadon iku.
12 Ewasamono Petrus banjur ngadeg lan mangkat rerikatan menyang ing pasarean. Bareng nginguk manjero, mung weruh ulese thok. Nuli lunga lan mikir-mikir, apa ta kira-kira sing mentas kalakon iku.
13 Ing dina iku uga ana wong loro, panunggalane para sakabat, padha menyang ing desa kang aran Emaus, dohe saka ing Yerusalem watara pitung mil.
14 Wong loro mau padha rasanan bab kabeh kang mentas kalakon.
15 Nalika lagi padha rembugan lan bebantahan, Gusti Yesus piyambak rawuh nyelaki lan banjur nyarengi ing lakune.
16 Nanging wong mau mripate padha kalimputan, mulane padha pangling karo Panjenengane.
17 Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong loro iku: “Apa sing padha kokrembug sajrone lumaku iki?” Banjur padha mandheg kalawan sedhih.