26 Sang Kristus apa ora pinasthi nandhang iku mau kabeh, banjur lumebet ing kamulyane?”
27 Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.
28 Bareng wis cedhak ing desa kang kaparanan, Gusti Yesus kaya-kaya arep nglajengake tindake.
29 Nanging dicandhet dening wong-wong mau, unjuke: “Kula aturi kendel wonten ing griya kula, awit sampun ngajengaken dalu, surya sampun serap.” Panjenengane iya banjur lumebet karo wong-wong mau.
30 Bareng lenggah arep dhahar bebarengan, nuli mundhut roti, diberkahi banjur dicuwil-cuwil, diparingake marang karone.
31 Nalika iku mripate banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengane, nanging Gusti Yesus banjur musna saka ing pandelenge.
32 Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkene: “Atiku rak wis padha ngangah-angah, nalika Panjenengane ngandika marang aku kabeh ana ing dalan lan nalika Panjenengane nerangake Kitab Suci marang kowe lan aku?”