3 Bareng padha lumebu, layone Gusti Yesus ora ketemu.
4 Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atine marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhake, pangagemane mancorong.
5 Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkene: “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati?
6 Panjenengane ora ana ing kene, wis wungu. Elinga marang apa kang wus kapangandikakake marang kowe kabeh, nalika isih ana ing tanah Galilea,
7 yaiku, yen Putraning Manungsa pinasthi kaulungake marang tanganing wong-wong dosa lan banjur kasalib, sarta wungu ing telung dinane.”
8 Wong-wong wadon mau iya nuli kelingan marang pangandikane Gusti Yesus iku.
9 Lan sabaline saka ing pasarean, banjur padha nyritakake iku kabeh marang sakabat sawelas lan marang sadulur liyane kabeh.