7 Nabi Yokanan banjur ngandika marang wong akeh kang padha teka nyuwun baptis: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal tumempuh?
8 Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!
9 Wadunge wis cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokake woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungake ing geni.”
10 Wong akeh mau banjur padha matur pitakon: “Manawi makaten, punapa ingkang kedah sami kula tindakaken?”
11 Paring wangsulane: “Sapa kang duwe klambi loro, wong kang ora duwe wenahana siji, lan sing sapa duwe pangan, iya tumindaka mangkono.”
12 Ana juru-mupu-beya kang uga padha teka arep nyuwun baptis, iku padha matur pitakon: “Guru, kula kedah sami nglampahi punapa?”
13 Paring wangsulane: “Aja padha mupu ngluwihi kang wis katamtokake tumrap kowe!”