1 Gusti Yesus, kang penuh ing Roh Suci, wangsul saka bengawan Yarden, banjur kapurugake dening Roh Suci menyang ing ara-arasamun.
2 Ana ing kono lawase patang puluh dina lan banjur kagodha dening Iblis. Sajrone ana ig kono iku Panjenengane ora dhahar apa-apa sarta sawise iku kraos kerapan.
3 Iblis nuli matur marang Gusti Yesus: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela punika kadhawuhana dados roti.”
4 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae.”