2 Ana ing kono lawase patang puluh dina lan banjur kagodha dening Iblis. Sajrone ana ig kono iku Panjenengane ora dhahar apa-apa sarta sawise iku kraos kerapan.
3 Iblis nuli matur marang Gusti Yesus: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela punika kadhawuhana dados roti.”
4 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae.”
5 Iblis tumuli nambut Gusti Yesus munggah ing ppan kang dhuwur sarta banjur nedahake krajan ing jagad marang Panjenengane ing sakedhap netra.
6 Iblis nuli matur: “Panjenengan badhe kula caosi panguwaos punika sadaya dalah kamulyanipun, awit punika sadaya sampun dipun pasrahaken dhateng kula saha kula saged nyukakaken dhateng sinten ingkang kula kajengaken.
7 Milanipun manawi Panjenengan nyembah dhateng kula, sadaya punika badhe dados kagungan Panjenengan.”
8 Nanging Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengane iku kang kudu sira abekteni!”