22 Kabeh wong padha nganggep bener marang Panjenengane apadene padha kaeraman marang aruming pitembungan kang dipangandikakake, banjur padha cluluk mangkene: “Apa Iku dudu anake Yusuf?”
23 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Kowe mesthi bakal ngucapake paribasan marang Aku mangkene: Heh, dhukun, warasna awakmu dhewe. Kabeh kang padha dakrungu bab kang wis kalakon ana ing kutha Kapernaum, iku tindakna uga ana ing kene, ana ing tanah asalmu kene.”
24 Lan pangandikane maneh: “Aku pitutur marang kowe, sanyatane ora ana nabi kang kajen ana ing tanah asale.
25 Sarta Aku kandha marang kowe, lan kandhaKu iki bener: Dhek jamane Nabi Elia, nalika langit mineb lawase telung taun nem sasi, kang njalari anane pailan kang nggegirisi ana ing satanah kabeh, sanadyan ing Israel akeh randhane,
26 ewasamono Nabi Elia ora diutus menyang ing salah sawijining randha-randha mau, nanging menyang ing omahe wong wadon randha ing kutha Sarfat, ing tanah Sidon.
27 Apadene nalika jamane Nabi Elisa ing tanah Israel akeh wong kang budhugen, nanging siji bae ora ana kang kabirat najise, kajaba Naaman, wong Siria.”
28 Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget, krungu kang mangkono iku.