28 Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget, krungu kang mangkono iku.
29 Banjur padha ngadeg, Gusti Yesus dilarak menyang ing sajabaning kutha, terus didhabyang menyang ing pinggiring gunung, kang didegi kutha mau, arep dijorogake saka ing kono.
30 Nanging Panjenengane banjur tindak nratas ing tengahe wong-wong mau, nuli jengkar saka ing kono.
31 Gusti Yesus banjur rawuh ing kutha Kapernaum, sawijining kutha ing tanah Galilea, tumuli memulang ana ing kono ing saben dina Sabat.
32 Wong-wong padha kaeraman krungu piwulange, amarga pangandikane kanthi panguwasa.
33 Ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, iku nguwuh kanthi swara seru:
34 “Dhuh, Gusti Yesus saking Nasaret, Paduka tumut-tumut punapa dhateng kawula? Punapa rawuh Paduka badhe ngrisak kawula? Kawula mangretos, Paduka punika sinten, inggih punika Sang Suci kagunganipun Gusti Allah.”