32 Wong-wong padha kaeraman krungu piwulange, amarga pangandikane kanthi panguwasa.
33 Ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, iku nguwuh kanthi swara seru:
34 “Dhuh, Gusti Yesus saking Nasaret, Paduka tumut-tumut punapa dhateng kawula? Punapa rawuh Paduka badhe ngrisak kawula? Kawula mangretos, Paduka punika sinten, inggih punika Sang Suci kagunganipun Gusti Allah.”
35 Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane: “Menenga! Metua saka wong iku!” Wonge banjur kalarak dening dhemit mau, kabanting ing satengahing wong akeh; dhemite nuli metu lan babar pisan ora njalari larane wong mau.
36 Kabeh wong padha eram, banjur padha rasanan: “Tembunge kok ngedab-edabi banget! Kalawan wibawa lan panguwasa anggone ndawuhi para dhemit, temah padha metu.”
37 Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing tanah kono.
38 Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing papan pangibadah kono lan tindak menyang ing omahe Simon. Nalika iku ibune maratuwa Simon lagi lara panastis banget, banjur disuwunake pitulungan marang Panjenengane.