1 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, nalika Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalan gandum, para sakabate padha methiki wewulen, banjur dipusus ing tangane, isine dipangan.
2 Nanging banjur ana wong Farisi sawatara kang padha ngaruh-aruhi: “Yagene kowe padha nindakake kang ora diparengake ing dina Sabat?”
3 Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen,
4 anggone banjur lumebet ing Padaleman Suci, mundhut roti cecaosan, nuli didhahar, lan para pandhereke iya banjur padha diparingi, mangka ora ana kang kawenangake mangan iku kajaba mung para imam.”
5 Nuli ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku Gustine dina Sabat.”
6 Kacarita pinuju ing dina Sabat liyane Gusti Yesus lumebet ing papan pangibadah banjur memulang. Ing kono ana wong kang ceko tangane tengen.
7 Para ahli Toret lan para wong Farisi padha ngulatake, apa bakal nyarasake wong ing dina Sabat, iku supaya bisa oleh dhadhakan anggone ngluputake Panjenengane.