45 Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku metokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.”
46 “Geneya kowe kok nyebut Aku: Gusti, Gusti, mangka kowe padha ora nglakoni pituturKu?
47 Saben wong kang marani Aku lan ngrungokake pituturKu sarta ditindakake -- kowe Daksumurupake wong iku kena dipadhakake sapa --.
48 Iku padhane kaya wong kang ngedegake omah: Wong iku gawe kalenan kang jero, sarta pandhemene kapasang ing padhasan. Bareng ana banjir lan banjir mau nrajang omah iku, omah iku ora bisa gonjing amarga santosa banget.
49 Nanging sing sapa ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku padhane kaya wong kang ngadegake omah tanpa pandhemen. Bareng ana banjir kang nrajang, omah iku ambruk, sarta banget rusake omah iku.”