1 Bareng wis rampung anggone ngandika marang wong akeh, Gusti Yesus banjur lumebet ing kutha Kapernaum.
2 Ing kono ana sawijining opsir penatus kang duwe batur, kang banget kanggepe, iku lara banget lan wis meh mati.
3 Bareng opsir mau krungu bab Gusti Yesus, tumuli kongkonan pinituwane wong Yahudi sawatara, sowan ing ngarsane, nyuwun supaya Panjenengane karsa rawuh nyarasake batur mau.
4 Wong-wong mau iya banjur sowan sarta nyuwun tulung kanthi adreng, ature: “Tiyang punika pantes kapitulungan,
5 amargi tresna dhateng bangsa kita, saha inggih tiyang punika ingkang ngyasakaken kita papan pangibadah.”
6 Gusti Yesus banjur tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis cedhak karo omahe opsir iku, opsir iku kongkonan mitrane matur marang Panjenengane: “Dhuh, Gusti, mugi sampun dados damel Paduka, amargi kawula boten pantes Paduka rawuhi;