12 Bareng tindake wis cedhak karo sakethenging kutha, ana layon kapikul metu, iku anak ontang-anting, embokne wis randha. Akeh wong saka ing kutha kang padha ngiringake.
13 Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welase, banjur ngandika marang randha mau: “Aja nangis!”
14 Gusti Yesus banjur nyelaki bandhosa, lan didemek. Kang padha mikul mandheg. Gusti ngandika: “He, bocah anom, Aku dhawuh marang kowe: Tangia!”
15 Kang mati tumuli njenggelek, linggih lan wiwit guneman, banjur dipasrahake marang embokne.
16 Kabeh wong padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wis nuweni umate.”
17 Pawarta bab Gusti Yesus iku banjur sumebar ing satanah Yudea lan ing tanah-tanah sakiwa tengene kabeh.
18 Nalika Nabi Yokanan mireng pawarta bab lelakon iku kabeh saka para sakabate,