17 Pawarta bab Gusti Yesus iku banjur sumebar ing satanah Yudea lan ing tanah-tanah sakiwa tengene kabeh.
18 Nalika Nabi Yokanan mireng pawarta bab lelakon iku kabeh saka para sakabate,
19 banjur nimbali sakabate loro, kadhawuhan matur marang Gusti: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”
20 Bareng wis padha ana ing ngarsane Gusti Yesus, banjur matur: “Kawula sami kautus dening Nabi Yokanan Pambaptis, kadhawuhan matur pitaken: Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”
21 Nalika samana Gusti Yesus pinuju nyarasake wong akeh kang padha nandhang sawarnaning lelara lan memala sarta kang kasurupan dhemit, apadene akeh wong picak kang padha kaparingan pandeleng.
22 Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Padha mundura, aturna marang Nabi Yokanan apa kang kok deleng lan kokrungu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.
23 Lan rahayu wong kang ora kecuwan ing bab Aku.”