23 Lan rahayu wong kang ora kecuwan ing bab Aku.”
24 Bareng utusane Nabi Yokanan wis padha mundur, Gusti Yesus banjur wiwit medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan, mangkene: “Apa prelumu menyang ing ara-ara samun? Ndeleng glagah kang mobat-mabit marga kanginan?
25 Utawa arep apa kowe mrana iku? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo endah lan kang uripe mewah iku panggonane ana ing kraton.
26 Dadi apa prelumu mrana? Apa ndeleng nabi? Iya bener, lan Aku pitutur marang kowe, malah ngungkuli nabi.
27 Awit ana pangandika bab dheweke, mangkene:Lah Ingsun dhawuh marang utusaningSun supaya ndingini Sira,lan nyawisake dalaniRa ana ing ngarepiRa.
28 Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong kang kalairake dening wong wadon ora ana kang ngungkuli Nabi Yokanan, nanging kang cilik dhewe ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli dheweke.”
29 Wong akeh kang padha ngrungokake pangandikane, kalebu uga para juru-mupu-beya, kabeh padha nganggep marang adiling Pangeran, amarga wis padha dibaptis dening Nabi Yokanan.