8 Amargi kawula piyambak inggih tiyang ingkang kaprentah, sarta inggih mbawahaken prajurit. Manawi kawula aken dhateng salah satunggaling prajurit punika: Lungaa, piyambakipun inggih lajeng kesah. Punapa dene manawi kawula aken dhateng satunggalipun: Mrenea, inggih lajeng dhateng; utawi dhateng rencang kawula: Iki tindakna, inggih lajeng dipun tindakaken.”
9 Bareng Gusti Yesus midhanget atur mangkono iku, Panjenengane eram, nuli minger mirsani wong akeh kang padha ndherek lan ngandika: “Aku pitutur marang kowe, pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarane wong Israel!”
10 Bareng kongkonan mau wis padha bali lan wis tekan ing ngomah, bature wis ketemu waras.
11 Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang ing sawijining kutha kang aran Nain. Para sakabate padha ndherekake, lan iya ana wong akeh kang padha gumrudug melu ndherek uga.
12 Bareng tindake wis cedhak karo sakethenging kutha, ana layon kapikul metu, iku anak ontang-anting, embokne wis randha. Akeh wong saka ing kutha kang padha ngiringake.
13 Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welase, banjur ngandika marang randha mau: “Aja nangis!”
14 Gusti Yesus banjur nyelaki bandhosa, lan didemek. Kang padha mikul mandheg. Gusti ngandika: “He, bocah anom, Aku dhawuh marang kowe: Tangia!”