1 Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabate rolas, padha kaparingan kasekten lan panguwasa misesani dhemit lan marasake lelara.
2 Banjur padha diutus martakake Kratoning Allah lan marasake wong lara,
3 sarta padha dipangandikani mangkene: “Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa sangu roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep.
4 Lan manawa kowe wis ditampani ana ing sawijining omah, kowe terusa ana ing kono lan anggonmu mbacutake lakumu iya sakaa ing kono.
5 Dene manawa ana wong kang ora gelem nampani kowe, metua saka ing kutha kono lan ketabna lebu kang ana ing sikilmu, iku minangka pepenget tumrap wong mau.”
6 Para sakabat banjur padha mangkat njajah sakehing padesan, ngabarake Injil sarta marasake wong lara saenggon-enggon.
7 Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah, mireng sakabehing lelakon mau, banjur rumaos kemengan, awit ana wong kang kandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ing antarane wong mati.