12 Bareng wis sore para sakabat rolas padha sowan ing ngarsane sarta matur: “Tiyang kathah punika bok sami dipun dhawuhi kesah dhateng dhusun utawi kampung-kampung sakiwa tengenipun ngriki, pados pasipengan saha tedha, amargi kita wonten ing ngriki punika wonten ing panggenan ingkang sepi.”
13 Nanging banjur padha dipangandikani: “Kowe bae padha menehana mangan!” Atur wangsulane: “Punika namung wonten roti gangsal kaliyan ulam loh kalih, kajawi ta manawi kawula lajeng sami kesah tumbas tetedhan kangge sadaya tiyang punika.”
14 Amarga ing kono kira-kira ana wong lanang limang ewu. Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabat: “Padha konen linggih panthan-panthan, kira-kira nyeket-nyeket.”
15 Para sakabat padha ngestokake dhawuh mau, kabeh wong dikon linggih.
16 Gusti Yesus nuli mundhut roti lima lan iwak loh loro mau, banjur tumenga ing langit, tumuli paring berkah lan sawise mangkono rotine banjur dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya diratakake marang wong akeh.
17 Kabeh padha mangan nganti wareg. Turahane diklumpukake dadi rolas wakul.
18 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju ndedonga piyambakan, para sakabate padha sowan ing ngarsane. Banjur padha didangu: “Wong akeh iku padha ngarani Aku iki sapa?”