28 Kira-kira wolung dina sawise paring piwulang mau kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung arep ndedonga; Petrus, Yokanan lan Yakobus kadhawuhan ndherek.
29 Kacarita, nalika Panjenengane ndedonga iku, pasuryane banjur santun, pangagemane dadi putih mancorong.
30 Tumuli ana priya loro padha imbal pangandika karo Panjenengane, yaiku Nabi Musa lan Nabi Elia.
31 Karone padha ngatingal ngagem kamulyan, sarta padha reraosan bab anggone Gusti Yesus bakal tindak menyang ing Yerusalem ngrampungake pakaryane.
32 Nalika samana Petrus sakancane padha keturon; bareng tangi padha ndeleng Gusti Yesus sajroning kamulyane, lan priya loro kang padha jumeneng cedhak.
33 Kocapa, bareng priya loro mau lagi padha arep mundur saka ing ngarsane, Petrus munjuk marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sadaya sami rumaos begja sanget wonten ing ngriki. Mugi kawula sami kalilana sapunika damel tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun kagem Nabi Elia.” Nanging Petrus ora ngreti apa kang diaturake iku.
34 Sajrone matur mangkono iku banjur ana mega teka ngayomi. Bareng padha kalimputan ing mega mau padha wedi.