3 sarta padha dipangandikani mangkene: “Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa sangu roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep.
4 Lan manawa kowe wis ditampani ana ing sawijining omah, kowe terusa ana ing kono lan anggonmu mbacutake lakumu iya sakaa ing kono.
5 Dene manawa ana wong kang ora gelem nampani kowe, metua saka ing kutha kono lan ketabna lebu kang ana ing sikilmu, iku minangka pepenget tumrap wong mau.”
6 Para sakabat banjur padha mangkat njajah sakehing padesan, ngabarake Injil sarta marasake wong lara saenggon-enggon.
7 Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah, mireng sakabehing lelakon mau, banjur rumaos kemengan, awit ana wong kang kandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ing antarane wong mati.
8 Ana maneh kang kandha, yen Nabi Elia ngatingal maneh, lan uga ana kang kandha, yen salah sawijining nabi jaman kuna wungu.
9 Nanging Sang Prabu Herodhes ngandika: “Yokanan wis daktigas gulune. Sapa ta Wong iki, kang wis kawartakake mangkono iku?” Tumuli ngudi bisane ketemu karo Gusti Yesus.