40 Kawula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Paduka, supados nundhung dhemit punika, nanging boten saged.”
41 Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora pracaya lan kang keblinger, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe lan nyabari kowe? Anakmu gawanen mrene!”
42 Lan nalika bocah mau nyedhaki Gusti Yesus, banjur dibanting dening dhemite lan diontang-antingake. Nanging dhemit mau nuli didukani dening Gusti Yesus lan bocahe diwarasake sarta dipasrahake marang bapakne.
43a Kabeh wong padha kaeraman, marga saka nyumurupi kuwasaning Allah kang samono gedhene iku.
43b Nalika wong kabeh isih padha kaeraman awit saka sakehe pandamele, Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabate:
44 “Rungokna lan wigatekna kabeh tembungKu iki: Putraning Manungsa bakal diulungake marang tanganing wong.”
45 Nanging para sakabat ora ngreti marang pangandika iku, amarga tegese isih peteng tumrap dheweke kabeh, mulane ora bisa mudheng. Ewasamono padha ora wani miterang bab pangandika mau.