43b Nalika wong kabeh isih padha kaeraman awit saka sakehe pandamele, Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabate:
44 “Rungokna lan wigatekna kabeh tembungKu iki: Putraning Manungsa bakal diulungake marang tanganing wong.”
45 Nanging para sakabat ora ngreti marang pangandika iku, amarga tegese isih peteng tumrap dheweke kabeh, mulane ora bisa mudheng. Ewasamono padha ora wani miterang bab pangandika mau.
46 Kacarita para sakabat padha padudon bab sapa sing pinunjul saka ing antarane.
47 Nanging Gusti Yesus ora kekilapan tumrap pikirane wong-wong iku. Banjur mundhut bocah cilik siji, diadegake ing sandhinge
48 sarta ngandika marang para sakabate: “Sing sapa nampani bocah iki atas saka jenengKu, dadi Aku kang ditampani; lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku. Awit kang cilik dhewe ing antaramu kabeh, iku kang gedhe dhewe.”
49 Yokanan tumuli matur: “Guru, kawula sami sumerep tiyang nundhung dhemit atas asma Paduka, lajeng kawula penging, amargi sanes patunggilan kita.”