54 Nalika sakabate loro, yaiku Yakobus lan Yokanan, nyumurupi kang mangkono iku, banjur matur: “Gusti, punapa Paduka ngarsakaken supados kawula sami ndhatengaken latu saking langit, numpes tiyang-tiyang punika?”
55 Nanging Gusti Yesus nuli minger ndukani sakabat-sakabat mau.
56 Banjur padha mlembar menyang ing desa liyane.
57 Nalika padha mbacutake lakune, ana ing tengah dalan iku ana wong kang matur marang Gusti Yesus: “Kawula badhe ngetut wingking Paduka, dhatenga pundi kemawon tindak Paduka.”
58 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Asu ajag padha duwe rong lan manuk padha duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kagem nyelehake mustakane.”
59 Banjur ngandika marang wong liyane: “Melua Aku.” Ature wong mau: “Keparenga kawula kesah ngubur bapak kawula rumiyin.”
60 Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Cikben wong mati padha ngubur wong mati, nanging kowe iku lungaa, ngundhangna Kratoning Allah ana ing ngendi-endi.”