59 Banjur ngandika marang wong liyane: “Melua Aku.” Ature wong mau: “Keparenga kawula kesah ngubur bapak kawula rumiyin.”
60 Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Cikben wong mati padha ngubur wong mati, nanging kowe iku lungaa, ngundhangna Kratoning Allah ana ing ngendi-endi.”
61 Lan ana liyane maneh kang matur: “Kawula badhe ngetut wingking Paduka, Gusti, nanging keparenga kawula pamitan rumiyin dhateng brayat kawula.”
62 Nanging Gusti Yesus ngandika: “Saben wong kang wis nyekel waluku, mangka banjur tumoleh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah.”